Bocah cilik nuthuki gender ing pinggiring segara
Bocah cilik nyeluk ngelu marang sing mbaureksa
negara
Bocah-bocah tanpa suwala
Kungkum ing adheme banyu kamboja
Kamboja sing aruming angambar njiret rinujit
Sing wis ngrembuyung ing jagade prajurit alit
Sing tan owah saka gingsire jaman
Lan tan linalali
Iki mung jagade awake dhewe sing sansaya cilik
Sing wis mbokgondheli nganti sengklek
Iki mung donyane awake dhewe sing nyuda jiwa
Nanging saya ngrembaka ing jagad budaya
Bocah-bocah cilik tukang nuturi
Lagi mloya-mlayu nututi padhanging pertiwi
Bocah-bocah bodho sing jarene keri
Lagi nrithik matun pari




0 comments:
Post a Comment